Rabu, 12 Mei 2010

mBangun sINgoSari

Ing sawijining desa ing tlatah Tumapel, ana pawongan kang aran Ken Arok. Ken Arok kuwi, penggaweane mbegal, ngrampok, gawe sengsarane wong, lan liya-liyane. Jeneng Ken Arok kondhang lan diwedeni. Ken Arok dipupu Pandita Lohgawe, lan digulawentah ngelmu kanuragan, olah gegaman lan ngelmu bab kaprajan. Sawise prigel, disowanake akuwu Tunggul Ametung ing Tumapel. Ken Arok banjur didadekake prajurit tamtama ing Tumapel.
Ana ing Tumapel, Ken Arok diajeni lan diwedeni amarga keprigelane. Ken Arok duwe kanca kang aran Kebo Ijo. Ing sawijining dina, nalika Ken Arok lagi nindakake pakaryan dumadakan weruh wanita sulistiyo ing warno, pasuryane mencorong, dedeke lencir kuning lan rambute dawa. Ken Arok lagi weruh yen wanita kuwi aran Ken Dedes garwane Akuwu Tunggul Ametung. Ken Arok kesengsem lan duwe gegayuhan mundhut garwa Ken Dedes. Kanggo nglancarake gegayuhane, Ken Arok njaluk tulung kaliyan Empu Gandring gawekake keris. Anggone gawe keris durung dadi, Ken Arok njupuk kerise lan njajal kerise, banjur Empu Gandring dipejahi Ken Arok. Empu Gandring janjeni, yen kerise bakal nggawecilakane kanthi pitung keturunane.
Ing salah sawijining dina, Empu Gandring mamerke kerise ning Kebo Ijo. Kebo Ijo kepingin lan Ken Arok njilehke kerise. Ken Arok duwe ilmu kang dhuwur, banjur Kebo Ijo dihipnotis lan njupuk kerise. Wayah wengi, Ken Arok lunga ning Kraton Tumapel, banjur mejahi Tunggul Ametung. Esuke wong-wong padha rame, banjur Kebo Ijo dituduh mateni lan dipejahi. Banjur Kebo Ijo jenengake panggonan kuwi Singosari lan Ken Arok dadi Raja ing Singasari.